Contoh Cerita Cekak Basa Jawa






Loro Setengah Yuta
 


Cerita Cekake Suryadi WS



Kanker.

Sapa ora miris krungu jeneng iku. Kalebu Sarmin, nalika dokter Mahmud paring
katrangan ing rumah sakit. "Mas, bojomu kena kanker payudara. Lan wis rada
kasep. Aku ora meden-medeni, nanging iku perlu enggal dakkandhakake marang
sliramu, demi kamulyanmu sakulawarga."

"lsih kena diusadani, Dokter?" takone Sarmin miterang. "Mesthi
wae isih. Nanging mung ana wektu setengah sasi. Kliwat saka iku, aku sakanca
wis ora wani tanggung, awit oyod-oyode wis saya nyebrangmrana-mrana."


Alus tembunge dhokter Mahmud, nanging iku keprungu kaya bledheg ing kupinge
Sarmin. Notoling ati njalariora sungkan-sungkan takon, "Wragade bisa tekan
pira, Dokter?"

"Aku durung bisa netepake kanthi gumathok. Mungancer-ancer, maju mundur nem
yuta."

Nem yuta. Cacah iku gumawang bola-bali ing dhadhaneSarmin. Nem yuta. Sajrone
setengah sasi. Jagad kayakebegan kukus kumendheng nalika dheweke
mulihmboncengake Sarti, bojone sing ditresnani.Nganti tekan ngomah. Nganti
nalika padha mangan. Lannganti nalika padha mapan turu. Rasane kaya
lagidikepung setan galak ing endi-endi papan: ing cagak,ing jendhela, ing
lawang, ing usuk Ian blandar, patingpentheleng sumedya nggrogoti uripe Sarmin
sakulawarga."Ora susah miris ya, Ti," guneme Sarmin ngreripihbojone
amrih bisa sumeleh atine."Ora kok, Kang. Aku mung sumarah. Pati urip rak
GustiAllah sing wenang nata.""Lha, ngono, Ti. Pasrah ing Allah. Sing
baku, kitasetiyar sabisane."

"Ragade pira, Kang? Celengane mung ana patang yuta.""Aja
kuwatir. Muga-muga ana dalan."

Iku rerasane. Nanging beda maneh batine. Daging warasdiodhel-odhel, sapa wonge
ora miris. Iku batine Sarti.Kepriye carane golek dhuwit kanggo ngganepi nem
yuta?Iku batine Sarmin. Mangka samono iku durung kapetungwragad mondhoke ing
rumah sakit, sing jarene selaweewu sedina. Banjur kudu pirang dina mondhok ing
kana?

Sapira banggane sopir truk kaya Sarmin kanggo golekdhuwit semono akehe sajrone
limalas dina?

Sajrone nganam pikiran nganti tekan subuh, wekasaneSarmin nemu akal. Arep utang
dhisik marang juragane.Mula esuk iku dheweke budhal menyang Sala, nemonijuragan
Marta."Aja kok sengguh aku ora percaya marang kowe, Min,"ngono
wangsulane juragan Marta. "Nanging utang semonoakehe iku bakal ngribedi
pikiranmu dhewe."

"Lajeng kados pundi, Pak. Mangka kawontenanipun estrikula sampun gawat
sanget." "Iya, aku ngerti. Lan aku ya ora bakal rningkuhmbiyantu
kulawargamu. Karepku ngene, Min. Aku mentastampa pesenan ngangkut barang
menyang Bali, nganggotruk gandhengan. Ongkose patang yuta. Njur baline

ngangkut maneh saka Banyuwangi menyang Yogya, telusetengah yuta. Iku rak
nyandhak pitu setengah yuta.Bageyanmu sing loro setengah.Lha rak wis nyukupi
sing kokbutuhake. Ning ya kuwi,telung dina engkas kudu kokangkati, cocog
karopenjaluke sing pesen."Rada entheng pikirane Sarmin, sanadyan ana
ngganjele. Yen telung dina maneh budhal, apa mengko bisa nunggonioperasine
Sarti?

Nalika dheweke kandha marang bojone, sakala Sartinangis mingseg-mingseg.
"Kang, apa kowe wentalaninggal aku sajrone operasi?" ngono sebute
Sarti ingselaning tangise."Nanging ya mung iku dalan sing ana, Ti,"
panglipureSarnin kanthi sabar, "mengko rada dakrikatne, ben bisanunggoni
operasimu."

"Ya wis sakarepmu, Kang. Waton kowe bisa balisadurunge
dioperasi.""Muga-muga bisa, Ti. Lan sadurunge aku bali, kowe arepdakpasrahake
Dhik Sarna."Sarti manthuk nyetujoni. Lan kanthi landhesanpetung-petung
iku, esuke padha nemoni dhoktere.Sarti wiwit dipriksa. Ditlusur riwayat
penyakitsadurunge, ditliti kadhar gulane, hemoglobine, Iankabeh kang ana
gandhenge karo keperluan operasi.Wekasan ditetepake, operasi katindakake dina
Senen jamsangalas. Kurang sewelas dina? Apa Sarmin wis bisabali?Ing kamar nomer
wolu zal B, Sarmin pamitan bojone,kanthi swara pegat-pegat kaya wong arep
parnitan lungamenyang akerat."Sarti, sing tatag ngadhepi cobaning
urip."Mung iku kang kawetu. Nanging ing burining tenggoksemumpel sewu
tembung liyane kang kandheg dening rasangondhok-ondhok, "Sarti, lagi
limang taun aku Ian koweurip bebrayan. Apa bakale mung tekan kene? Mangkaanakmu
isih cilik. Apa kira-kira dhokter Mahmud bisanylametake uripmu?"

Kabeh iku ora kocap ing lesan, mung kelair dadi eluhkang mbrebel saka pojoking
mripat. Sarni tanggapmarang pangrasane bojone, temah kawetu tembungpanglilihe,
"Kang, aku wis madhep mantep kok. Aja wassumelang atimu. Urip iki ana sing
yasa Ian ngukut,mula ayo kabeh iki dipasrahake marang Kepareng-E."lku mung
panglilih amrih bojone ora mandheg mangu.Nanging ing buri tenggok isih akeh
tembung sing orawentala diucapake. Brebeling eluh ing pipi kuning ikudadi sulih
tembunge Sarti, "Kang, mung samenirpangarep-areping uripku. Upamane kamar
operasi ikudadi lantaran patiku, sepira banggane rnanungsa arepnduwa. Atiku wis
daktata kanggo ngadhepi lelakon iku.Kang, kowe darbe wenang tumrap awakku,
nanging GustiAllah luwih wenang tinirnbang kowe."Pipi kang kebes iku
diarasi Sarmin, tanpa isin marangadhine Ian wong-wong kang padha nunggoni.
Banjurweling marang adhine, "Sarna, mangsa borong anggonmungreksa
mbakyumu. Aku arep mangkat."Sarna mung manthuk, ora bisa kumecap meruhi lelakonekakang
Ian mbakyune ipe.Dina-dina candhake, ragane Sarti Ian Sarmin wis pisahadoh,
nangging atine kempel dadi siji. Ing ndhuwurtruk gandhengan kang dikemudheni,
Sarmin rurnangsaweruh wenteh citrane Sarti kang gumlethak ing kamar,ngenteni
sangat kang gawe girising ati. Lan ing kamariku, Sarti tansah katon-katonen
Sarmin ketantinganlumawan oyaging montor kang dadi sanggemane. Mungmenyang Bali
parane, mung seminggu semayane, nangingrasane kaya arep lunga menyang
sanjabaning bumi,kendhang ora bakal bali ketemu. Apa iki mungprentuling rasa
tresna kang wus manjiwa?Klemar-klemer lakune dina, tanpa maelu notoling ati

kang padha ngenteni. Nanging akire tekan dina kangdisemayakake. Dina Senen jam
wolulas kliwat telungprapat. Limang menit maneh Sarti bakal digledheglumebu
kamar operasi. Lampu-lampu emperan wis padhamurub pating pengangah kaya geni
neraka. Mesingenerator kang mligi kanggo operasi wis nggereng kayakawah neraka
kinebur. Lan jantunge Sarti kedhergumludhug kaya diocak-ocak setan. Mingkem
lathine kangpucet, nanging batine nguwuh, "Kang Sarmin, akukancanana,
Kang. Geneya kowe durung teka kene?"Lan nalika rodha gledhegan wis
nggleser ninggal kamarnomer wolu, batine nguwuh sora, "Kang, aku
untapnamenyang alam kubur."Sarti lan kang padha nunggoni ora ngerti yen
wektu ikuSarmin lagi mbandhangake montore ing dalan gedhe.Sedhela-sedhela
ngungak jam tangane. Wis jam wolulaskliwat telung prapat. Sesek diesuk-esuk
pisambatemarang Sarti, "Oh, Sarti, wis daksengka lakuku nangingkepeksa ora
nyandhak. Mesthine kowe wis digledhegmenyang kamar operasi, nanging lakuku isih
kuranglimang kilometeran. Ah, Sarti, nadyan ora menangibudhalmu mlebu karnar,
nanging dakajab bisa meruhiawakmu metu saka kono. Sarti, ganepe dhuwit
operasiwis dakkanthongi. Loro setengah yuta."Kaya mabur-mabura lakune
Sarmin, kasurung sumengkaneati. Awak sayah kurang turu ora krasa maneh, awit
kangkaton mung blegere Sarti ngathang-athang tanpa klambidiblerek Ian
diguntingi. Atine mak cles kaya disirames nalika gumebyare lampu-lampu rumah
sakit wis katoning kadohan. Ah, telung menit maneh sikil iki wistumapak ing
tegel emperan. Kari nunggu jumedhule Sartisaka kamar bedhah. Rasane kaya arep
methuk widadarisaka ndhuwur mega. Iba kaya ngapa.Lakune saya dirikatake. Sikil
tengen mancal gas amrihora kedhisikan lampu prapatan kang wis kuning.
Sarminarep menggok dalan kang tumuju rumah sakit
iku."Rrrngngng."Dumadakan: "Dherrrr!"

Buk bengkah.Wit sengon pokah.Truk pecah.Getih wutah saka awake Sarmin. Nanging
Sarmin dhewe

tetela wis ora bisa ngrasakake.Sangat iku jam sangalas kliwat. Ana bledheg
nyamberbanter kena dhadhane Sarna, tanpa diawali mendhung lanudan. Mripate
mlolo mulat ragane kakangne kang diusung

mlebu rumah sakit. Sakala mbengok sora, "KangSarmiiin!"

Lan ing jero kamar operasi, pakaryan terus lumaku.